“Opo
mung sethitik, wong sing dislamat akeh?” Iki pitakone wong akeh marang Gusti
Yesus. Gusti Yesus njawab pitakon iku, ngango perumpamaan bab lawang. Gusti
Yesus ngendiko, ono pintu loro, yoiku: lawang sing ciyut lan lawang sing wis
ditutup.
Sing sapisan, lawang ciyut
Gusti
Yesus ngendika ake menowo lawang tumuju ning keslamatan, iku ciyut; yen arep
mlebu, butuh akeh perjuangane. Iki nglambangake, menawa perjuangan kanggo dadi
wong beje iku, ora gampang; angel. Ora mung angel, nanging angel banget. Kanggo
tumindak jujur, iku ora gampang. Arep ngapuro, wong sing nyakiti ati, angel.
Kepingin setia ono ing urip bebrayan utawa urip ing wihara, ora gampang.
Kepengen dadi wong Katolik sing setia nganti tekan pati, angel banget. Nanging,
Gusti Yesus ngersa ake, supaya kita terus berjuang. Supaya biso tumindak sing
apik, sanadiyan ngadapi tantangan sing aneka warna. Amargo, usaha mau,
ngantarake menyang pintu keslamatan.
Sing kaping pindho,
lawang sing wis ditutup
Sing duwe acara pesta, ora marengake
wong sing ora dikenal mlebu. Wong sing ora diizinke mlebu, podho protes, amargo
wis tau kembul dahar, lan bebarengan bojono; tegese, wis tau urip bebarengan
karo tuan rumah.
Semono ugo, pengalaman neng urip; ono sing
duwe KTP Katolik, tau dibaptis sacara Katolik, wis komuni pertama, malah wis
nompo sakramen Krisma. Nanging iku mau, mung bisa disebut tau duwe surat
permandian tok. Iku durung cukup. Nate baptis, nate Krisma, durung cukup. Sing
penting, ora mung asal terdaftar, dadi wong Katolik, duwe KTP Katolik, utawa
surat baptis; nanging durung lakoni apa sing digersa akeh Gusti Allah.
Gusti Yesus nate ngendiko, “Aku iki
pintu”. Ayo, kita terus berjuang, supaya tetep setia nderek Gusti. Pancen iki,
butuh akeh perjuangan, sing ora gampang; koyo dene angel yen lewat lawang sing
ciyut. Ananging sing lawang hati kita, tansah dibuka kagem Gusti lan pepodho, lawang
kerahiman Dalem Gusti ugo ora bakal ditutup kanggo kita.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar